Kamis, 21 Agustus 2014

Tembang Jawa Lungiting asmoro

Tembang Jawa
LUNGITING ASMORO
Ciptaan : Sugeng TS/ Harrie S.


Seprene nggonku ngenteni janji
Janji prasetyaning ati
Kadung tresno mring sliramu duh wong ayu
Ra eling dino lan wektu

Ning ati katon ra biso ilang
Soyo suwe soyo ra karuan
Senadyan mung tansah anggadang
Aku samar yen sliramu ra kelingan

Wong ayu tak anti-anti
Jo pijer semoyo wae
Aku tresno karo kowe
Tegane atimu soyo gawe loro
Iku ra prayogo

Aku ora bakal mundur
Aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu
Ukurane tresno dudu bondo
Nanging lungiting asmoro


#Salam Budaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar