Kamis, 21 Agustus 2014

Tembang Jawa Pantai Baron


Tembang Jawa

Lanang :
Semburat layung sore,
Ono langit siring kulon
Katon endah sesawangan,
Segoro kidul pantai mbaron

Wadon :
Kowe lan aku sak kloro,
Lungguh jejer sesandhingan
Prau sampan, nggo sandharan
Nglaras endahe kahanan

Lanang :
Kenangan kuwi, aku ra bakal lali
Naliko marang kowe ngucap

Duet :
Janji setyo, marang aku, kucap ing lathimu
Mugo-mugo ora lamis

Wadon :  
Tulus soko atimu

Duet : Aku ndungo

reff :
Wadon :
Derese uluhku, nelesi dadaku
Aku wedi sliramu ninggal aku

Lanang :
Dene katresnanmu, tulus kanggo aku
Aku ora mentolo, gawe loro lan kuciwane

Duet :
Ati iki, kang nyawiji, prasetyo ing janji
Mring sliramu, kekasihku, nganti akhir hayatku



#Salam Budaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar