Kamis, 21 Agustus 2014

Tembang Jawa Ngimpi

Langam Jawa
Ngimpi

Bowo :
Ngamboro ing awang-awang
Hangelangut bebasan tanpo tepi
Narabasing mego mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulandoro ngamboro ngunggahi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah ginowo ngimpi

Sripat sripit,lembehane mrak kesimpir
Gandhes luwes, wiragane anglamlami..
Sedhet singset, besus angadi busono
Dhasar ayu, taksih kenyo tan kuciwo

reff:
Dak caketi, aduh mesem sepet madu
Ora sronto, ndak gandheng malah gumuyu

Katon bungah,kenyo kang pindho hapsari
Kuciwane, kabeh mau amung ngimpi


#Salam Budaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar